Tanbihun 1
Tanbihun tan keno ora wong nejo ngibadat
Arep mepeki sekeh rukun lan syarat
Sekeh rukun lan batale weruho dihajat
Sucine banyu wajib dihimat
Utawi banyu kang sah ginawe sucine
Iku banyu pepitu warno wilangane
Banyu udan banyu segoro banyu kaline
Banyu sumur banyu sumberan tinemune
Banyu bun banyu burud iku kinawaruhan
Lamon durung paham mongko wajib pitakonan
Barang ngilmu pahame saking guru
pituturan
Takono maring ngalim ngadil kapercayaan
Utawi sekehe banyu dibagi warnane
Limang duman yo ikilah partelane
Kang dihin suci nuceaken ing liyane
Ora makruh banyu iku penganggone
Yoiku banyu mutlak pitu wus tinutur
Kapindo banyu suci nuceaken pinilahur
Tetapi makruh penganggone badan masyhur
Iku banyu kang banget panase dicur
Tuwin banget ademe sabab medharati badan
Tan sampurno weroto gholib kinawaruan
Kaping telu banyu suci dhewe kenyataan
Tan nuceaken ing sawiji wiji lian
Iku banyu mustamal anane tinutur
Wus kanggo tinemu ginawe ngecur
Ngilangaken mani' tuwin chadats ngalebur
Tuwin ngilangaken najis tan owah becampur
Lan orawuwuh timbange sakwuse pisah
Lan malih banyu owah dene suci genah
Lir banyu wedelan sa'upamane kang owah
Lan malih banyu wowohan winarah
Koyo banyu kelopo lan saupamane
Iku banyu kang suci dewe partelane
Tan nuceaken ing sawiji wiji liane
Kaping pat banyu suci nuceaken anane
Tetapi harom penganggone milahur
Sah sarto dosa kelakuhan tinutur
Yoiku banyu dono kerono Alloh masyhur
Cinawisaken ginawe nginum beloko tinutur
Kaping limo banyu keno najis tinamune
Kurang rong qulah tuwin rong qulah anane
Tetapi owah dene najis rasane
Uwin ambune tuwin warno rupane
Utawi aran rong qulah diukur
Wewadah ingkang persagi pati tinutur
Sak asto sak prapatane asto jujur
Jerone lan ambane somo kahukur
Lamon wewadah iku bunder tinamune
Mongko yoiku rong asto jerune
Lan sak asto tinemu ono ambane
Lan ora tinutur timbange banyune
Utawi
wong kang sesuci iku kewajiban
Saking
kang metu dalan loro (2) tetelesan Kelawan banyu suci nuceaken ing liyan
Tuwin
kelawan atos mbesok kapartelanan
Utawi sekeh fardhu sesuci tinamune
Kelawan banyu telung parkoro wilangane
Kang dihin arep ngilangaken ing rasane
Kapindo ngilangaken saking ambune
Kaping telu warnane najis linebur
Lamon angel ngilangaken mung warno
tinutur
Atowo
angel muhung ambune tan lebur
Mongko dimaafaken sabab ngudzur
Ora maaf lamon meksih najis rasane
Atowo kumpul ambune lan warnane
Iku ora dimaafaken hukumane
Kerono meksih kongang gampang sucine
Iku wong ngilangaken najis qubul lan
dubur
Tuwin ngilangaken najis liyane iku dicur
Tan sah kelawan watu nuceaken milahur
Saking najis liyane dalan loro (2)
tinutur
Wenang sesuci kelawan watu tinamune
Lan sak upamane kang atos sucine
Kang kasap dudu muhtarom aking nyatane
Kelawan syarat metu saking dalan lorone
Ojo aking ora gubras kinawaruhan
Lan ojo ngalih saking metune panggonan
Lan ora katekanan saking sak wiji wiji
liyan
Lan malih syarate mali ping telu gesutan
Kelawan digesut watu siji kiwo tengene
Atowo watu tetelu kang tinemu sucine
Lamon durung bersih nyoto kedhohirane
Mongko wajib wali wali sampurnane
Utawi sekeh syarat syah wudhu tinutur
Lan adus iku sangang parkoro becampur
Kang dihin islam kapindo tamyiz jujur
Kaping telu ngawaruhi fardhu penggawe
pinilahur
Kaping pat banyu suci nuceaken ing lian
Kaping limo ojo ono ning kedhohiran
Nyegah tekane banyu ing kulit kenyataan
Kaping nem kekel niate ming kebatinan
Tumeko maring akhire sampurnane
Kaping pitu ojo ono ngowahaken tinamune
Tekane banyu maring kulit temahane
Kaping wolu mili banyu teko badane
Kaping songo putus getih haid nifad
wiladah
Utawi sekeh fardhune wudhu nenem
winarah
Kang dihin niat enggone ing dalem manah
Niat ingsun angilangaken khadas lah
Wajib dibarengaken niat tinamune
Kelawan wiwitane masuh juz rahine
Kapindo masuh rahi warata nyatane
Khade rahi nggon cukul rambut kepalane
Tumeko ngisore janggut dawane winarah
Ambane saking pentil kuping sasisih lah
Maring kuping sasisih wus kapernah
Kaping telu masuh tangan karo winarah
Tumeko
maring sikute karo banyune
Kaping
pat ngusap satengah kepalane
Kulit
tuwin rambut tan kawetu tinamune
Saking
hade sirah rambut dawane
Kaping limo masuh suku karo milahur
Tumeko maring poloke karo banjur
Kaping nem urut-urut koyo ngarep tinutur
Ikulah wus genep nem parkoro masyhur
Utawi kang mbatalaken wudhu warnane
Iku limang parkoro tinemu wilangane
Kang dihin ono metu salah sawijine
Saking kubul lan dubur anging mani
walerane
Kapindo turu tan tetep dubur kalungguhan
Kaping telu ilang akale mendem tuwin edan
Tuwin ayan tuwin kalenger sabab kelaran
Kaping pat kegepokan tan aling-alingan
Kulit lanang wadon ghoiru mahrom nyatane
Kang wus tumeko hade syahwat birahine
Ngumur nem tahun tuwin pitu gholib anane
Tumeko ingkang dadi tinemu kapinginane
Kaping limo nggarap dzakar tuwin farji
wadonan
Tuwin under-undere dubur kelawan
kebatinan
Epek-epeke tuwin deriji kang katangkeban
Dene epek-epeke karo tan katingalan
Anggarap dzakare dewe tuwin ing liane
Tan batal digarap dene wong lia anane
Tan batal nggarap ing kebo sapi farjine
Ikulah wus genep lelimo wilangane
Nyoto wajib ngawaruhi wong ngibadat
Ning waride panggerane hukum syareat
Supoyo syah ngibadat munfa'at akhirat
Lamon teksir bodo mongko gede maksiat
Utawi kang dadi sabab kewajibane
Ing dalem adus iku
lelimo perkarane
Kang dihin adus janabat namane
Sabab jima’ tuwin metu manine
Kapindo sabab mati iku ingedusan
Liane wong mati syahid lan kangudzuran
Iku sekuthu lanang wadon kinawaruhan
Kaping telu haqe wong wadon linakonan
Sabab hed kaping pat nifas namane
Kaping limo wiladah sak wuse bayi metune
Utawi aran haid ning syarak panggerane
Iku getih kang metu saking wadon farjine
Wus ngumur sangang tahun wewilangan
Kedike haid sedino sewengi kalumpukan
Kehe limolas dino wengine becampuran
Kaprahe nem dino tuwin pitu kuwarasan
Kedike suci haid loro (2) antarane
Iku limolas dino sarto wengine
Tan nono hade ing kehe kuwarasane
Tinemu banjur luwas getih temahane
Utawi aran nifas kang wus masyhur
Iku
getih sawuse wiladah metu banjur
Kedike
nifas sak naliko tinutur
Kaprahe
patang puluh dini waras jujur
Kehe sewidak dino kuwarasan
Anapon wong adus wiladah tinamune
Mongko gholibe tan kongsi adus nyatane
Sabab nerutuli getih nifas miline
Utawi sekeh fardlune adus
bersihan
Iku tinemu telung parkoro wilangan
Somo adus wajib tuwin kasunatan
Kang dhihin niyat ing dalem kebatinan
Niyat ingsun ing nekani adus wajib njegur
Iku sah ginawe niyat nejo milahur
Janabat haid nifas wiladah tinutur
Wajib diparengaken niyat jujur
Nyartani nekani banyu ing satengah badan
Rahi tuwin liyane iku kacukupan
Shah parenge niyat ing dalem kebatinan
Kapindo merataaken banyu kenyataan
Maring sekeh kulit badan lan rambut
Kaping telu ngilangaken najis kagesut
Kelawan banyu lamon ono najis kasebut
Ikulah wus genep tetelu arep emut
Utawi harome sabab hadas cilik
anane
Iku limang parkoro dhihin shqlat mahane
Kapindho thowaf baitullah mekah nggone
Kaping telu khutbah jum'ah dadi rukune
Kaping pat iku anggarap muschaf qur'an
Kaping limo nanggung muschaf ingaranan
Anging wenang anut ing bondho kenyataan
Ikulah wus genep lelimo wilangane
Utawi harome sabab janabat anane
Iku wolung parkoro wewilangane
Barang kang harom sabab hadas tinemune
Yo iku limo wus kasebut partelane
Kaping enem moco qur'an nejo ning
kebatinan
Anging ora harom nejo ngalap barkahan
Moco bismillah awit gawe kabecikan
Lan moco alhamdulillah gawe kasyukuran
Lan moco innalilaahi naliko bilahi medlarat
Kaping pitu meneng dalem masjid dihajat
Ugo partelg ora ngudzur ora dlorurat
Kaping wolu mider-mider ning masjid
kahimat
Utawi harome sabab haid
tinutur
lan nifas lan wiladah harome becampur
Yo iku sewelas parkoro iki tinutur
barang kang harom sabab janabat masyhur
Wolung parkoro wus kasebut partelane
kaping songo puoso tetapi wajib qqdzone
Ora wajib oodzo tinggal sholat tinemune
kaping sepuluh njaluk pegat saking lakine
Kaping sewelas istimta’ dihajad
antarane wudele lan jengkune
ngurat
Sumowono jima’
partelo maksiyat
wajib ngawaruhi panggerane
syarengat
Utawi sekeh syarat syah tayamum
anane
Telung parkoro kang dhihin ngudzur
nyatane
Sabab lara badan tuwin sepi banyune
Kapindho sawuse manjing sholat wektune
Aping telu lebu suci nuceaken kenyataan
Somo wenange tayamum shah linakonan
Sabab hadas gede tuwin cilik ingenggonan
Terkadang tayamum iku shah kewajiban
Sabab tentu dadi syarat shah lakune
Ing dalem sholat tan nono dalan liyane
Sekeh rukun tayamum limo
wilangane
Kang dhihin naqlutturobbi tinamune
Tegese
alih-alihan lebu saking panggonan
Kapiindho niyat ing dalem kebatinan
Niyat ingsun ing wenangno sholat fardlan
Atowo niyat barang kang karep tayamuman
Diparengaken niyat kelawan naql lebune
Kaping telu ngusap rahi weratane
Kaping pat arep ngusap tangan karone
Tumeko sikute karo weroto lebune
Kaping limo ngusap rahi nuli tangan
Sekeh batale tayamum tetelu wilangan
Kang dhihin barang kang dadi batal
karusakan
Ing wudlu limang parkoro wus kapartelanan
Kapindho nemu banyu durung sholat lakune
Atowo tengahe sholat gholib iku nggone
Ono banyu longko dalem ora anane k
Aping telu murtad kufur batal imane
Lan wajib tayamum saben fadlu linakonan
Lan sholat sunat sekarepe kawenangan
Tuwin fardlu kifayam mayit kasholatan
Tayamum sawiji iku shah kinawaruhan
Tanbihun 2
Tanbihun tan tinemu sucine wong ngibadat
Anging ngawaruhi hukum najis d1hajat
Kang dadi sabab hasil sucine sholat
Akeh bodo teksir tinggal pepek syarat
Satengah warnane najis kapartelanan
yoiku saben
kang mendemi kinawaruhan
Mayi' ajur koyo
sajeng kenyataan
lan suci kang
atos mendemi pinangan
Lam warnane malih getih najis tinemune
lan nanah lan utah-utahan metune
Saking njero wetenge lan najis tahine
lan uyuh lan madhi lan wad1 namane
Lan
banyu susune hewan harom pinangan
anging
manungso iku suci halal kenyataan
Lan
juz tugel saking hewan kahuripan
liane
anak adam iku najls hukuman
Anging wulune hewan halal kedagingane
Ku sljci inglikuman wulune
Utawi sekeh hewan suci hukumane
Anging asu lan celeng lan kang metune
Saking karone atowo salah sanunggalan
Sarto hewan kang suci lelakenan
Iku anake najis tinemu ngukuman
Sekabehe bathang najis kinawarljhan
Anging iwak lan walang lan manljngso
telune
Iku suci iwak malang halal karone
Lan harom mangan ing manungso kedagingane
Utawi sekeh mani hewan hukumane
Iku suci anging asu celeng kenajisan
Sekehe ndok suci halal pinangan
Anging endoke hewan nduweni upasan iku
Najis nyoto harome pinangan
Pemansuhe ing sawiji-wiji tinemune
Keno najis iku sapisan kacukupane
Sawuse bersih syarat dicur banyune
Masuhi ing sawui-wiji kenajisane
Asu celeng iku kaping pitu wilangan
Salah sawijine sarto lebu becampuran
Ikulah pemasuh sartu ingaranan
Masuh najis hukmi mung banyu teko
panggonan
Utawi sekehe sholat kewajibane
Iku limang wektu kang dihin dhuhur
nyatane
Awite wektune gingsir serngengene
Saking tengange beduk pote tinemune
Somo sadedek sawlji-wiji wayangan
Liane wayangan tengange kinawaruhan
Naliko ono wayangan kang katinggalan
Perek manjing wektu ngasar kawitan
Kapindo wektu 'ashqr wiwitane
Iku wuwuhe saking wayangan saupamane
Koyo kang wus kasebut ngaret partelane
Pote iku surup serngege nyatane
Kaping telu wektu maghrib kinawaruhan
Yoiku awite surup serngenge kenyataan
Surupe mego abang tan katinggalan
Iku pote wektu maghrib kapariksanan
Kaping pat wektu 'isya nomo tinemune
Awite iku mega abang surup nyatane
Pote iku fajar sidik ono tengerane
Mego malang ireng putih becampurane
Kaping limo iku wektu subuh ingaranan
Yoiku awite fajar sidik kinawaruhan
Pote iku metu serngenge kenyataan
Ikulah wus genep limang wektu wilangan
Partelane
solat dzuhur patang reka'at
'Ashor
patang reka'at wajibe sholat
Telung
reka'at maghrib panggerane syare'at
Isya
papat subuh rong reka'at kahimat
Utawi sekehe syarat kewajibane
Ing dalem sholat limang
wektu tinemune
Yoiku patang parkoro wewilangane
Kangdihin islam tan wajib ing dunyane
Kafir asll tetapi sinikso ning akherat
Tinggale sikafir kewajiban sholat
Kapindo baligh ora wajib dihajat
Ingatase rare ora dadi ma'siat
Tinggale sholat tetapi wajib waline t
Tuwin kegentine arep akon tinemune
Ing rare sholat ngumur pitung tahljne
Sarto wajib meruhaken ndingin ilmune
Ugo wus tamyiz rare iku tinutur
Wajib mukul ing rare sepuluh tahun ngumur
Tilar sholat pinukul ugo ora jujur
Lamon tinggal siji syarat tan nono ngudzur
Kaping telu 'aqil ora wajib sholat
Ingatase wong akale tinemu kapecat
Sabab edan tuwin mendem tan dihajat
Lamon mendem dimoho mongko wajib sholat
Koyo wajibe sholat wong murtad anane
Kaping pat tan haid nifas wiladah sepine
Ora wajib sholat wong haid kangudzurane
Lan wong nifas wiladah somo hukumane
Ikulah wus genep papat tinitur
Sekeh syarat kewajibane sholat masyhur
Arep itimad ing wong kang sidik ptutur
Ngawaruhi ing panggeran syara' kang jujur
Utawi sekeh syarat syah tinemune
Ing ndalem sholat iku
songo parkarane
Kang dhihin islam kapindo tamyiz nyatane
Kaping telu ngawaruhi kaifiyat fardlune
Kaping pat ojo neqodaken ing syari'at
Parentahe fardlu iku ingaranan sunat
Kaping limo arep ngawaruhi dihajat
Ing panjinge wektu ingdalem sholat
Yaqin
atowo dhon kelawan ono panggeran
Kaping nem warnane ngurat katutupan
Aurat wong lanang lan amat tinukunan
Iku antaranewud&le ojo katingalan
Lan
antarane jejengkune karone
Ngurate wong wadon mardiko tinemune
Iku sakabehe badan anging rerahine
Lan epek-epekke karo dhohir batine
Kaping pitu madep qiblat dodo katujunan
Ingaine ka'bah yaqin perek katingalan
Lan dhone ati kelawan adilah kasartanan
Ingatase wong sholat adoh panggonan
Saking ka'bah anut ing mujtahid pituwane
Tingatase wong tan ahli mujtahid nyatane
Kaping wolu arep ono suci badane saking
Hadast gede lan cilik hukumane
Kaping songo suci dodot lan badan
Lan nggone sholat saking najis tan
gepokan
Ora syah sholat siji syarat katinggalan
Kang
nyoto tan dlorurot tan nono kangudhuran
Utawi sekeh rukune sholat tinemune
Iku wolulas kang dihin niat atine
Ugo wajib ngawaruhi niat partelane
Kapindo takbirotul ikhrom nyatane
Wajib diparengaken anane ati niat
Ning wiwitane takbirotul ikhrom sholat
Kaping telu ngadek lamqn tinemu kuat
Kaping pat moco fatihah dihajat
Kaping limo ruku’ kaping nem tumo'ninah
Kaping pitu i tidal kaping wolu
tumo'ninah
Kaping songo sujud sepuluh tumo'ninah
Kaping sewelas iku arep tinemu lenggah
Antarane sujud loro kinawaruhan
Kaping rolas tuma'ninah meneng badan
Kaping telulas lungguh takhiyat wekasan
Kaping pat belas takhiyat wewacanan
Kaping limolas moco sholawat tinamune
Atas kanjeng nabi ning takhyat akhir
nggone
Kaping nembelastartiburut-urut artine
Kaping pitulas nuli-nuli rukun qosir
nggone
Kaping wolulas moco salam kewajiban
Kang awal salam kapindo kasunatan
Ikulah wus genep wolulas wilangan
Noleh aweh salam iku sunat kelakuhan
Rukune sholat wolulas wilangane
Iku dibagi telung duman tinamune
Kang dihin bqngsq ati panggonane
Yoiku sawiji beloko niyat atine
Kapindo iku bongso lisan tinutur
Yoiku
lelimo takbirotul ikhrom jujur
Fatikhah tahiyat sholawat becampur
Moco salam sampurnane sholat milahur
Kaping telu bongso badan rolas rukunan
ngadek
Ruku' tumaninah i’tidalan
Tuma'ninah sujud tuma'ninah lenggahan
Antarane sujud loro tuma'ninah lenggahan
Takhiyat akhir tartib mu'alat
dihajat
Weruha inggone tartib lan mu'alat
Tan nono kang lu1h angel rukun diangkat
Tinimbang bongso lisan binahune mesyakat
Ikulah arep diseksekno temenan
Maring 'alim 'adil benere kawulangan
Yen wus bener mongko nljli kaseksenan
Ikulah ojo isin sabab tekaburan
Binahu ing benere wacanan fatikhah
Takhiyat sholawat kang wus winarah
Dadiyo sasab shoute nyoto shihah
Temah ikhlas tho'at ]ng alloh ning manah
Iku bener wong sholat mepeki syarat
Sawuse sah iman pepek syarat kahimat
Ojo tiru ing kang wus kelaku anut 'adat
Teqsir batalan kurang syarat tilar
syari'at
Utawi sekeh syarat niat tinamune
Iku
limang parkoro kang dihin ning atine
Kapindo
islam kaping telu tamyoz nyatane
Kaping
pat diparengaken ning wiwitane
Takbirotul
ihrom sakuasane milahur
Kaping
limo ngelanggengaken niat jujur
tumeko
sampurnane sholat tinutur
Syarate
ngadek arep ono gegere jujur
sekeh
syarat takbirotul ikhrom tinamune
iku
pitung parkoro wewilangane
kan
dihin ngarekso sekehe aksarane
arep
bener makhrqje huruf ning lisane
kapindo
ngarekso ing tasydide tinutur
Kaping
telu ngarekso sekeh i'robe jujur
Kaping
pat ngarungu ing suarane tan ngudzur
Kaping
limo moco kelawan ngadek jujur
Kaping
mem tertib urut - urut ma'nane
Kaping
pitu nuli-nuli wewacane
Ikulah
wus genep pitu partelane
Arep
faham ojo tinemu kateqsirane
Utawi sekeh syarat fatlkhah wilangan
Iku
wolung parkoro kapartelanan
Kang
dihin ngarekso sekeh huruf kabeneran
Kapindo
rumekso sekeh tasydid tan katinggalan
Kaping
telu ngarekso sekeh i'robane
Kaping
pat diwoco kelawan ngadek sartane
Kaping
limo arep ngarungu dewe tallngane
Kaping
nem tertib ping pitu nenuli wacane
Kaping
wolu fardhune arep kinawaruhan
Syarat sahe rukuk rong parkoro wilangan
Salah
sawuine merkungkung kabeneran
Teko
epek-epeke mejono kedadehan
Maring
jejengkune nggon cecekelane
Kapindo
nejo ruku' arep temurune
Saking
ngadek ora kejorong tinamune
Lan
kejorong mongko wajib balfne
Utawi syarat sah iktidal kahitung
Iku rong
parkoro kang dihin tangi junjung
Saking ruku’
maring ngadek tan bingung
Kapindo ngadek
bener ora markungkung
Utawi sekeh syarat sujud tinamune
Iku limang
parkoro ono wewilangane
Kang dihin nejo
sakingngadek temurune
Maring sujud kelawan ikhtiar nejane
Kapindo kabuko
bathuke tan aling-alingan
Kaping telu
nelehake kinaweruhan
Ing satengah
epek-epeke kebathinan
Lan satengah
bath1ne derijine tangan
Lan satengah
bathine derijine sukune
Kaping pat
ngaluhuraken bokong nyatane
Ngesoraken ing
sirahe tinamune
Kaping limo
sumeleh bathuke pasujudane
Sak bote sirahe
ojo anggang-anggangan
Utawi syarate lungguh kinawaruhan
Antarane sujud
lqro iku rong wilangan
Salah sijine
nejo tangi ning kebathinan
Saking sujud
maring lungguh parane
Kapindo arep
bener patrap lungguhane
Ojo merkungkung kedhohirtinamune
Syarat sahe lungguh takhiyat akhir anane
Yoiku koyo syarat lenggah wus kapartelanan
Antarane sujud loro kinawaruhan
Utawi sekeh syarat takhiyat akhir wewacanan
Pitung parkoro
tinemune wilangan
Kang Dihin Ngarekso Sekehe Aksarane
Kapindo ngarekso tasydide tan
katinggalane
Kaping telu ngarekso ing sekehe i'robane
Kaping pat tertib urut-urut wacane
Kaping limo muwalat nuli age-agean
Kaping nem lungguh kaping pitu ngarungu
wacanan
Ikulah arep titi syarat kaperekan
Ngalindung ing alloh saking kesalahan
Utawi sekeh syarat sah moco sholawat
Iku koyo sekeh syarat moco takhiyat
Takhiyat lan sholawat kang akhir kahimat
Tan bicoro takhiyat awal ingkang sunat
Lafadz takhiyat wajib iku kang di'amal
Diwoco ning takhiyat awal sunat kawical
Kaduwe wong nejo moco takhiyat awal
Wong moho moco salah ing sholat dadi
bathal
Utawi sekeh syarat moco salam
anane
Iku nem parkoro wilangan partelane
Kang dihin ngarekso sekeh aksarane
Kapindo ngarekso ing sekeh i'robane
Kaping telu muwalat kaping pat wilangan
Arep ngarungu dewe ning talingan
Kaping limo moco salam lungguh kabeneran
Kaping nem rumekso tasydide winewehan
Lan ono lam tarif kedhohirane
Ikulah wus genep nem parkoro wilangane
Tan keno ora wong 'ibadah kanti 'ilmune
Sabab dadi syarat sah tahyat tinamune
Tanbihun 3
Tanbihun
ikilah partelane niyate sholat
Ingdalem
jero ati cukup di hajad
Murih
ringan panutane wajibe syaringat
Akeh
ngawan tinggi wajib milahur sunat.
Niyat
ingsun ing sembahyang faidiu duhur
Iku
neh telat ingkang wus tinutur
Qosod
ta’arudl ta;ayun masahur
Qosad
artine nejo solat milahur.
Ta’arud
nyataake ingati fardune
Ta’ayun
arep mentoaken ing wektune
Koyo
kang wis kasebut ngarep partelane
Lamun
saat sunat mengko ono bedane.
Ora
wajib ta’arudl arep kaparatelanan
Lamun
sunat mutlaq mongko kosod kacukupan
Tan
wajib ta’arudl ta’ayun kasartanan
Ikulah
faname niyat arep rinetenan.
Niyat
ingsun eng sembayang fardlu jum’ah
Anut
ing imam nejane darem manah
Iku
wong solat jum’ah ma’mum winarah
Lamun
dadi imam jum’ah wong katah
Mongko
niyat ngimami dadi panutan
Ikulah
wong solat jum’ah kinawaruhan
Syarate
ma’mum bisuk kapartelan
Insya
Allah Kelawan Allah Tulungan.
Akeh
ngurono khilaf ing dalem bab niyat
Perkoro
mukrohane takbir di hajat
Ikulah
ngawan miliha sahe solat
Anut
nguliomo kang gampang lan tepat
Ikilah waride
syarat weruho.
Ngandiko
ngulamo wajib kinawarunhan
Perenge
niyate solat ning kebatinan
Kerono
wiwitane takbirotul ikhrom ning lisan
Allah
Huakbar lan langgeng ning ati ilingan
Niyate
teko akhire takbirotul ikhrom
Iku
miliho ing darojate wong ngawam
Arep
takiid ing ngulamo agama islam
Qoul
ahoif ditut sah ngamal dwam
Yoiku
muqoronah urufiah di hajad
Sampurnane
niate ati tan lepat
Qosad ta’arut ta’ayun kang dihimad
Nuli
takbirotul ikhrom di angka.
Ikulah sah niate wong pada sembahyang
Anut
qoul ngulang ahli suni kawilang
Iku
muqoranahe niat di ngamal gampang
Hasil
ringan sah taquide wenang
Gholib
ngawan pada was-was sholat
jero
takbirotul ihrom parenge niat
Iku
luwih angel temahane dadi lepat
Iku
taqlid ing qoul dhoif di hajat
Taqlid
qoul mu’tamad was-was kabingungan
iku
angel utama taqlid qoul dhoifan
ora
was-was to’at dalem kebatinan
iku
bener wongnggawan milik sah gampangan.
Tinimbang
sangking wong kang podo milih utomo
kang
tinemu angel satengah qoul ‘ulomo
Tan
bisa ngamal bener angomo
Ngibadate
temah ora sah tan katarimo.
Terkadang
wajib taqlid qoul dhoifan
Sebab
tentu hasile fardlu lingkonan
Taqlid
ing mu’tamad tan tinemu kebenaran
Sebab
tan kuoso bener wus kinawaruhan.
Mu’tamade
mukaronah niat weruho
Kang
tinemu sah dingamal sinejoho
Angel
lan gampang hasil miliho
Ikilah
waride ngulomo ahli fukoho.
Utawi
aqul kang mu’tamad kinawaruhan
Satuhune
hadire ati kewajiban
Yoiku
qosod lan ta’ayun kasartanan
Lan
niyat fardlu mungguh sandingan
Endi
jusse satengah sangking sekehe
Jus
takbirotul ikhrom perenahe
Ikulah
mu’tamade parenge niat manahe.
Kaduwe
wong kang biasa muqoronahe.
Lamon
gholibe sekeh wong bodo ngawam
Ing
muqoronahe niat sah during faham
Moko
takono ing wong ngerti agamo islam
Sifate
ngadil netepi wajib tinggal haram.
Utawi sekeh kang batalaken tinamune
Ingdalem sholat iku sapuluh parkarane
Kang
dihin iku hados gede anane
Atowo
cilik dimoho atowo lali atine
Kapindo
katiban najis lan kemaafan
Ora
di ilangken temuli linakonon
Kaping
tlu kabuko ngurat tan nuli katutupan
Kaping
pat iku neyngojo rerasanan.
Utawi
penggawe akeh-akeh anane
koyo
tumindak telung tindak lakune
Atawa
mukul telung pukulan nuline
Tuwin
lumimpat sapisan sanget tinamune.
Kaping
lima memangan atawa nginum linakonan
Kaping
nem mungkur saking qiblat kinawaruhan
Sendayan
kedik ngiwas dada kenyataan
kaping
pitu owah niate ning kebatinan.
Kaping
wolu gemuyu tawin nagis damune
Tuwin
ngarintih utowo dehem nengajane
Anging
tan batol dehem ono kongudzurane
Maca
fatihah tuwin tahiyat kewajibane.
Kaping
sanga megotaken satengah rukun sholat
Durung
sampurna hade ing ndalem syarat
Sapuluh
muwuhi fardhu liyane tahiyat
Fatihah
ikulah wus genep batole sholat
Tan
keno ora wajibe jum;ah weruho
Ikilah
dalil kalam ngulama diretiho
Utawi shalat jum’ah kinawaruhan
Yaiku
fardhu ain ning sharak panggeran
Tetkolo
kumpul sekeh syarat jum’ahan
Lamun
tan pepek syarat moko tan kewajiban
Ora
dosa tinggal jum’ah sholat
Sabeb
nyatane kurang kang dadi syarat
Pada
doso wong kang taksir umi lepat
Tan
ngupaya ing benere fatihah tahiyat.
Lan
dosa wongkang dadi perintah ketaksian
Tan
merdi ing parintahe ono penguasan
Akon
ngupayasekeh syarat jum’ah kapepekan
Lan
doso ngalim tan mulang mg kabodohan
Luwih
pada dowo dosa gede maksiyat
Taksir
maho batolan jumlah kurang syarat
Nguyupane
pepek rukun syarat tan hajat
Nyono
sah anut ngadat tan gugu syariat.
Sekeh syarat sholatjum’ah kewajibane
Iku
pitung parkoro tinemu wilangane
Kandihin
Islam tan wajib kafir asline
Tetapi
senekso tinggal kewajibane.
Kapindo
ngakil tan wajib sholat jum’ahan
Wong
ilang awole sabeb edan tuwin ayan
Kaping
telu baliq tan wajib karerean
Kaping
pat lanjang tan wajib wadon jum’ahan
Kaping
limo merdiko tan wajib kawulane
Kaping
nem wong kuwarasan tinmune
Tan
wajib wong loro dhoir tuwin batine
Kaping
pitu muqim dalem ati nejane
Nginep
patang dino gon kewajiban
Sarta
jenengkan jum’ah wong sah lingkonan
tan
wajib jum’ah wong musafir lelungan t
uwin
muqim tan wajib jum’ah panggonan
Tuwin
wajib tan jum;ah ngangkat
Tuwin
podo ngangkat arosah kurang syarat
Iku
tan wajib wong muqim jum’ah sholat
Dadiyo
muqim mustauti di hajat.
Pan
yo ugo tan wajib jum’ahan
Sabeb
tan nano kancane wilangan
Kang
tinemu sah jum’ah syarat kapepekan.
Tan
dosa kaduwe wong tan kataksiran.
Tinggal
sholat jum’ah sabeb ngudzur
Koyo
wicarane ngarep wis tinutur
Pada
doso kaduwe wong taksir mungkur
Wajibe
temuli sarirane tan milahur
Wong
negoro anane tuwen wong padukuhan
Ono
saking wong patng puluh pomahan
Iku
fardhu ain fsholat jum’ahan
Wajibe
nuli pepek syarat hingulatan
Ora
sah wong podo solat jum’ah ngangkat
Naliko
durung fpepedk kang dadi rukun syarat
Tertapi
kang wes kelaku anot ing adat
Podo
kumpulan jum’ah batalan sholat
Kalunto
taksir tan binahu kacukupan
Pepete
syarat sah moho tang ingulatan
Ngalim
lan bodo taksir awur-awuran
Iku
wong maksiyat aling-alingan jum’ahan
Fardhu
ain temuli ngupoyo dihajat
Kang
dadi pepek syarat jum’ah sholat
Fardhune
jum’ah khutbah roro di angkat
Nuli
gawe sholat jum’ah rong rekaat
Utawi sekeh syarat shelat jum’ahan
Iku
limolas parkoro wewilangan
Kandihin
islam ora sah wong kakufuran
Kapindo
tamziz pinter kenadloran
Ora
sah wong kang tan duwe aqal jujur
Kaping
telu weruh kaifiyat fardhu tinutur
Ora
sah bodo taksir moho ngawur
Kaping
pat ojo nekodaken sunat milahur
Ing
parentahe syara’ wajib panggeran
Ora
sah fardhu di tekodaken kasunatan
Kaping
limo panjinge wektu ginawaruhan
Ora
sah awur-awuran tinakonan
Kaping
nem nutupi ngurat kulit warnane
Ora
sah kabuko ngurat nyengajane
Kaping
pitu madep ing qiblat dadane
Ora
sah ngiwas saking ka’bah kebenerane
Kaping
wolu suci badane kinawaruhan
Saking
hadas gedhe lan cilik kenyataan
Ora
sah wong hadas solat tan kangudhuran
Kaping
songo suci badan dhodhot panggonan
Saking
najis tan ma’af pepanggeran
Ora
sah serta najis tan kangudurane
Kaping
sepuluh sarat sah jam’ah lakune
Arep ono wektu dhuhur tunibane
Ora
sah wong jum’ah wektune kabodohan
Kaping
sewelas arep ono gon pomahan
Ora
sah ning oro-oro solat jum’ahan
Kaping
rolas tan kedinginan ikhroman
Tuwin
kabeberan jum’ah siji gon tan ngudzur
Ora
sah kedinginan ikhrom tinutur
Kaping
telulas berjama’ah bercampur
Ora
sah dewe-dewe jum’ah milahur
Kaping
pat belas wong patang puluh kumpulan
Ngakil,
baliq, lanang merdiko omah-omahan
Podo
nunggal siji gon kewajiban
Tan
ngalih rendeng katigo anging kasukeran
Ora
sah wong jum’ahan wilangane kurang
Kaworan
rare tuwin wong aqole ilang
Tuwin
wong wadon tuwin musafir kawilang
Kang
ora omah-omah nyoto kesawang
Kaping
limolas dinginaken khutbah kalihan
Ura
sah dinginaken sholat jum’ahan
Ngereaken
hutbah roro linakonan
Ikulah
syarate sah jum’ah wong kapepekan
tinemu
ora sah jum’ah wong patang puluh
kaworan
wong siji syarat sah tan weruh
taksir
melu wilangan jum’ah rusuh
iku
wong jum’ah bebatalan kalungguhan
Nyoto
ora sah jum’ah umi kaworan
Taksir
podo moho batolan jum’ahan
Tan
ngawaruhi ing sahe kang dadi wilangan
Ikilah
kalam ngulomo arep rinetenan
Lan
lamun ono sekabehe wilangan
Wong
patang puluh beloko sinejo jum’ahan
Lan
ing jerune wong iku kabeh kaworan
Wong
umi kalebu wong patng puluh ingitungan
Kang
partela taqsir ning bindhu Fatimah
lan
sekehe waranan kana wajib linampah
Sebabe
umi kurang teman umi pengarh.
Binahu
pepeke syarate sehah.
Mongko
ora sah jum’ahe sakabehan.
Karono
Batal solate umi kataksiran
Mongko
kurang wongiku kabeh wilangan.
Wong
patang puluh wus nyata kinawaruhan.
Mengko
lamun tan taqsir wongiku umine
Lan imam qori’ bener sah wacane
mongko
sah jum’ahe wong sekabehane
koyoto
lamun ono umi sekabeh willangane
Liyane
imam iku sah sekabehan.
Ing
dalem derajat sawisi kanunggalan
Kang
ora taksir kabeh kinawaruhan
Ing
dalem binahune nyata tinemenan.
Pada
amrih kabeh ing wacana jujur
lan
kang dadi pepeke syarat ngambil pitutor
lan
imame qori bener wairan ngawur.
Ikulah
san jumane wong kabhe percampur
Tetapi
kang wis kelaku taqsir ghoiiban.
Pada
jum’ah akeh umi ginawe wilangan
kang
dad cukupe syaratantan kawulanaan
Akeh
ngaiim gholib tan memulang kataqsiran.
Muhung nuruti ing kekarepane negoro
Tan
Gugu Anut sabenere syarat’wicoro
syahadat
ngibadat islame puro-puro
Ikulah
wong kafir munafek ketora
Shorahe jum’ah kang podo sah sembahyang
Iku
arep ono ngalim ngadil kang sah mulang
Ing
sekabehe wilangan kang dadi sah sembahyang
Ing
dalem jum’ah wangkang kamil kawilang
Sekabahe
kang dadi wilangan jum’ah.
Iku
wus muwafaqoti solate sehah
Tekode kabeh pado bener ing manah
Tan
nono kang nyelanyani wus memarah.
Ngalim
ngadil kang nekseni mitwani temenan
ing
wong sekabehe kang dadi wilangan.
Ingdalem
sahe jum’ah syarat kapepekan
ikulah
partelane sahe wong jum’ahan.
Ojo
koyo wicarane kang wus kelaku
Ngarani
sah jum’ah tinggal syara bebaku
wong
arasa dii’tmad pado di gugu
sebab
bodo tuwin ngalim fasiq sasar laku.
Partela
ora sah wong solat jum’ahan
guru
bodo kang mulang tan ngerti kenyataan
tan
weruh ing kaifiate syara kacukupan
lan
ngalim fasia ora sah tan kaparcayaan.
Ono
ngalim ngadil sanggupe mepeki rukun syarat
Mulang
ing sekabehe wilangan jum’ah solat
iku
ingtimade tanono hajat
Maring
ngalim ngadil laku benere syaringat.
orasah
wong taqlid ing ngaim penggawene
tan
ngambil eng ngalim ngadi ngilmu pitwane
Iku
kawilang wong sasar ngawur nyatane.
Taqsir
tinggal sangkeng syara panggerane
Balik
wajib taklid ing wong ngadil ngulomo.
Ngambiil
pitwane ngilmu ditut ingupomo.
Nggugu
ing syara’ lan taslim asih Narimo
Ing
parentahe Allah ning syaringat agomo
Nyoto
ora sah anut lakune wong ngalim
Ikilah
waride ngulamo neh fahim
Utawi
taqlid anut khobare pitwane
Satengah
sakeng ngulomo sekabehane
iku
wajib kaduwe wangikune.
Nejo
to’at ing Allah sah satemene
Lan
tan wenang harom orasah ngamal.
Wangiku
taqlid anut kawical.
Kelawan
penggawene setengah ngalim kabeh kawedal
Lamun
di ngamal mongko to’ate moho batal
Teqode
lan ngibadate tan sihah.
Kaduwe
wong taqlid ningali ing partingkah
Lakune
ngaim kang ditut dhoir lampah
Kalunto-lunto
batolan solat Jum’ah.
Nyono
sah jum’ah awur-awuran kawilang
Tan
ngambil pitwane ngalim ngadil kang mulang
Iku
taqsir harom batholan jum’ah sembahhyan
Jazemaken
sah atine tan nganggo mamang
Opo
patut jazemaken sah wong sholat
Ing
hale taqsir nyoto kurang syarat
Uga
orasah kurang syarat wong syahadat
Nyono
sah anut ngadat tinggal syarengat
Lir
jazeme kafir nasoro kataqsiran
Jazemaken
iktikod ati dadi kekufuran
Nekodaken
ing anane tetelu pangeran
Jazeme
palasifah kufur ing ngenggonan
Ngalam
ing ngalam kodim tan tobat jujur
Ning
saiki zaman akeh wong jazem ngawur
Ngucap
sah jumah saking pepeke syarat mungkur
Tan
nggugu ing kangjeng syarengat pitutur
Sekeh ruku hotbah roro lima wilangane
Kangdihin
moco Alhamdulillah ning wiwitane
Kapindo
moco sholawat nabi tinamune
Kapingtelu
wasiyat akon wedi ing pangerane
Iku
rukun telu hotbah roro kewajiban
Kapingpat
moco Qur’an salah siji panggonan
Tetapi
utama winoco hutbah wiwitan
Kaping
lima maca dunga hutbah wekasan
Kaduwe
wong mukmin tentu dongane
Rukun
lan syarat hotbah wajib nyatane
Ngawaruhi
kaduwe wong kang sholat tinamune
Ing
jum’ah dadiya ora hotbah lakune
Pon
wajib ngaweruhi aja kataksiran
Kerono
sholate jumah persambetan
Koyo
wajibe ngaweruhi ing imam panutan
Lan
ngaweruhi ing sekeh kancane wilangan
Partelo
orasah wong ngibad atngawur
Pepeke
syarat sah meksih ono kasingkur
Fatihah
tahyat kiblat golip tan jujur
Akeh
ngalim gofil taksir tinggal pitutur
Sekeh sarat sah hotbah roro linakonan
Iku
sangang parkoro tinemu wilangan
Salah
sawijine ngadek kuwoso kinaweruhan
Kapindo
hotbah roro boso ngarop wacanan
Kaping
telu hotabh roro lingsir wektune
Kapingpat
lenggah antarane hotbah rorone
Kelawan
tumakninah meneng sekodat tinamune
Kaping
lima nyeroaken suworo wacara
Sekiro
ngerungu wong kang sah dadi wilangan
Ing
wacan hotbah sekeh rukun kinawaruhan
Kapingnem
muwalat antarane hotbah kalihan
Lan
antarane kalimahe tan kandek wacanan
Kaping
pitu suci hadas lan kenajisane
Badane
lan dodote lan panggonane
Kapingwolu
nutupi ngurat kulit warnane
Kapingsongo
ndinginaken hotbah karone
Ngereaken
saking solat jumah linakonan
Nyoto
wajib ngilmu syarat kinaweruhan
Kaya
sekeh wajibe ngibadah ing pangeren
Ora
sah tongat siji syarat katinggalan
Kang
wus kinaweruhan oranana kangudzurane
Iku
wus sareh ning syarak panggerane
Wus
ana kasebut ngarep partelane
Arep
iling ing iki tarojumah wicarane
Tinemu
ora sah wng kumpul jumah panggonan
Luwih
akeh wong patangpuluh kekumpulan
Tan
nono tentune wong kang dadi sah wilangan
Wong
patang puluh sahe tan kinaweruhan
Dene
wong tsikoh weruh ing jumah kaifiyat
Anekseni
ingkang sah jumah pepek syarat
Ikulah
nyoto orasah jumah sholat
Muhung
anut ngadat tinggal sarengat
Partelo
sah wong papat sholat jumahan
Taqlid
qoule syafingi dhongif kinaweruhan
Kawilang
anut ing syarengat panggeran
Ora
tinemu taqsir moho kabododan
Sayugiyo koule imam syafingi dihajat
Murih
sahe jumah agawe sholat
Telu
koule syafingi wilangan jumah ngangkat
Muktamat
koul jaded wilangan muwafakot
Kolo
ning negoro mesir aweh pituturan
Sahe
jumah wong patang puluh wilangan
Koul
roro kodim ning baghdat kinaweruhan
Salah sawijine
sah rolas jumahan
Kapindo
ngesahaken sholat jumah
Wong
papapat podo sah sholate kagenah
Ugo
mepeki syarate ngarep winarah
Ikulah
sah koul dzongngif dingamal ngibadah
Lamon
wus podo weruh ing lakune wong anut
Ing
koule imam syafingi wus kasebut
Mongko
ingkang iku nyoto sah patut
Dadiyo
dzongif koule syafingi kang ditut
Pon
sah ugo ning syarak panggerane
Tetapi
arep weruh ing ngilmu wicarane
Kerono
ngilmu syarakk dadi syarat lakune
Ingdalem
amrih sah ngibadat tinamune
Nafine
syarat nafi masrut ngibadat
Orasah
janjine indalem syaringat
Kang
ora nono nguzdur ora dhorurot
Kawilang
anot benere syara’ dihajat
Engatase
wong teklid ing koule ngulomo
Kelewan
anut kang mu’tamad iku somo
Ikulah
ning syara’ arep asih narimo
Ikilah
dalel kalam ngulomo pinanggih
|
Wenang
sah nejo ngamalaken kabeneran
Kelawan
koule ngulomo dhongif hukuman
Sebeb
nejo kabecikan sah linakonan
Dalem
hake dewe sarirane kinawaruhan
Utawi kerono
muslikhat ing wong liyane
Bongso
agomo tuwin donyo kawenangane
Ora
wenang ingdalem ngukumi lakune
Ing
wong poro padu berkonco temahane
Lan
tan wenang malih aweh petwo milahor
Ing
wong liyane sarat itlak pitutur
Ora
harom lamon nutur dhongife mashur
Ikulah
panggerane syara’ kang jujur
Wajib
ngawaruhi sekeh syarat ma’mum
Orasah
tekser bodo tan maklum
Anut
umbyung ing wong tan mafhum
Moho
nasar tan weruh ing syara’ hukum
Sekeh syarat sah ma’mum partelane
Iku
rolas perkoro tinemu wilangane
Kang
pitu matlup ma’mum sarirane
Kang
lelimo matlup imam kelakuhane
Ugo
syarat sah sima’mum linakonan
Kang
dihin matlum ma’mum wilangan
Ojo
dingini sakeng adeke imam panggonan
Ing
tukake arep tinemu tiningalan
Kapindo
ngawaruhi ing imam lakune
Pengalihe
dalem ruku’ lan sujud anane
Lan
saupamane karone tinamune
Kaping
telu kumpul imam ma’mum nggone
Ojo
luweh telungatos asto kadohan
Kapingpat
niyate ati ing imam anutan
Kapinglimo
muafakote ing kelakuhan
Solate
imam orasah kinawaruhan
Ngasor
ing wong nyalataken mayit anot
Iku
seloyo ma’mum lan imam kasebot
Ikulah
panggerane syara’ arep emut
Ngambel
pitwane ngalem ngadel patut
Kapingnem
muafakotno ing sunah lakune
Ojo
banget sakeng imam selayane
Kapingpitu
ngari takbirotul ikhrom anane
Sawuse
takbire imam sampornane
Utawi syarat limo matlup imam ditot
Yo
kangdihen sah solate imam kasebut
Ingdalem
ei’tekote ma’mum tan luput
Kapindo
imam iku dudu wong anut
Mungfarit
anane tuwin imam nyatane
Kapingtelu
solate imam tinamune
Tan
wajib muadah kasolatane
Kapingpat
tan umi imam wewacane
Teksir
umine tuwen ono kangudzuran
Sima’mum
kori’ bener sah wacane
Indalem
fatikhah tuwen ayat Qur’an
Orasah
maleh umi mareng umi anutan
Kang
suloyo umine sakeh huruf wacane
Kaping
limo imam iku wong lanang nyatane
Lamon
ma’mum lanang lan khunsa tinamune
Ikulah
wos genep rolas wilangane
Utawi wong dadi imam solat panutan
Iku
niyate ora tinemu kewajiban
Ingdalem
ati nejo dadi imam ingenggonan
Liyane
imam solat jum’ah kinaweruhan
Iku
jum’ah wajib niyat dadi imam milahur
Diparengaken
ning takbirotul ihrom jujur
Koyo
dene tan wajibe ma’mum tan jujur
Marengaken
niyat neng takbirotul ihrom becampor
Liyane
solat jum’ah ngarep partelane
Sah
niyat ma’mum solat nggone
Ikulah
arep weroh ing syara’ panggerane
Ojo
tekser bodo bebatolan lakune
Tanbihun 4
Tanbihon
harom wong dadi parintah tinutur
Ajenengaken
ing imam pasek ngelantur
Dadi
panutane wong solat pinilahur
Luweh
akeh kharom wong podo gawe luhur
Lan
kharom wong ahli kabecikan anutan
Ing
imam pasek tan nono kangudzuran
Ikulah
imam pasik gawe rusuhan
Ngrusak
ing ukarane syara’ pernatan
Ora
ngudzur ora ndorurot pinanggih
Wong
podo ma’mum kharom memilih
Solat
anut ing imam fasik ginasih
Ikilah
kalam ngulomo ahli fiqih
Lan
kharom atas wong ahli solih jujur
Lan
wong ahli kabecikan darojat luhur
Solat
anot ning burine milahor
Kang
dadi imam pasik hino tinuttor
Lan
imam wong bidngah sasar kadosan
Lan
saupamane karone olo kahinaan
Kerono
satuhune iku kelakuhan
Ananggung
ing manuso atas kesalahan
Dadi
mbeciaken penyanane wong atine
Ing
imam pasik dadi panutane
Kelawan
sebeb ono wong anot nyatane
Wong
iku kabeh temahane anot alane
Mareng
wong pasik becik ingaranan
Tandane
ditut dene wong kabecikan
Dadi
akeh wong anot ing wong kefasikan
Tinemu
anane kodzi pasik panutan
Nyoto
akeh wong anut ing ngalim pasik
Ngilmu
sabenere syara’panutan ditampik
Anut
bid’ah sasar di nyono becik
Podo
khusnudon ing kafir munafik
Wong
ngibadah tekser batolan kharom
Tan
ngupoyo pepeke rukun syarat sah dawam
Ikulah
akeh maksiate wong ngawam
Moho
tinggal penatane agomo islam
Tinemu
satengah wong ngalem aweh pitwo
Angesahaken
ing solate wong jowo
Kang
partelo pepeke syarat sah tan gegowo
Iku
wong Brayan sasar anot howo
Wong
bid’ah pasik akeh podo dadi imam
Panutane
solate sekeh wong dadi ngawam
Tan
taslim ing parentahe agomo islam
Di
engetaken tan nejo sah tobat dawam
Wajib mukalaf atas kifayah kinawaruhan
Ingdalem
mayit atas papat wilangan
Liyane
wong mati syahid kendzohiran
Ngedusi
ngulesi nyalataken linakonan
Mendem
tan di dusi tan solat tinamune
Engatase wong mati syahid nyatane
Lan
rare runtuh saking biyang wetengane
Durung
teko nem wulan tan samporno rupane
Anging
lamon ana ngalamate kahurpan
Wus
sampurna manungsa sababe kedadehan
Iku
kaya wong tuwa anane kewajiban
Iku
arep eling ing patang perkaran
Wetengan
nem wulan rare metu saking biyang
Tan
nana ngalamate kahuripan kesawang
Iku
wajibe kaya wong tuwa kawilang
Khilaf
mungguh seh ibnu hajar memulang
Ana
koule seh ibnu hajar pituturan
Rare
lanang mati kulu najis kangudzuran
Iku
didusi tayamum kasartanan
Nuli
ingulesan sembahyang kewajiban
Koule
seh zamali didusi tinamune
Tan
tayamum ora sah hukumane
Sabab
nanggung najis tan ngudzur anane
Harom
kasambahyangan tan wajib nyatane
Iku
rare lanang mati kulub tan kabuki
Lamon
kena kabuki mongko sampurna ika
Didusi
diulesi kasembahyangan uga
Iku
wicara wus partela belaka
Rare
runtuh matu kurang nem wulan
Lamon
wus rupa manusa kasampurnan
Mongko
wajib negdusi laningulesan
Kapendem
ora wajib kasembahyangan
Lamon
durung ana manungsa nyoto rupane
Mongko
sunat ingulesan kapendemane
Iku
wus partela wicara ngilmune
Dadiya
sebeb sah pengambilane
Utawi sekeh fardlu dalem sholat
Atas mayit
kang nejo bener dihajat
Iku
pitung parkoro rerukune dihimat
Kangdihin
ngadek lamon tinemu kuwat
Kapindo
niyat nyataaken ing fardlune
Niyat
isun ing sembahyang mayit fardhune
Iku
niyat sekodar cukup kewajibane
Kapingtelu
takbir kapingpat wewilangane
Kapingpat
iku fatihah bener wewacanan
Ngiringi
takbir kang awal wus kinaweruhan
Kapinglima
maca solawat linakonan
Ngiringi
takbir kapindo lineksenan
Kapingnem
maca dunga kedik tinemune
Atas
mayit Allohummaghfirlahu wicarane
Ngiringi
takbir kang kapingtelu nyatane
Kaping
pitu rukun kapindo partelane
Iku
arep maca salam dingin milahur
Angiringi
takbir kang kapingpat tinutur
Haram
nyalataken mayit ngilmune ngawur
Kaya
kang kelaku ngawam tan jujur
Lan
gugur fardune wus kinaweruhan
Nyembahyangaken
mayit wong siji kacukupan
Wong
lanang lan senden rare tamyizan
Kang
pada sah solate sarat kapepekan
Ora
gugur cukup fardune sembahyang
Ikilah
dalil kalam ngulama neh sawang
Iya
bener sah anging lamon ana wong lanang
Utawa
akeh wong lanang hadir kawilang
Wongkang
katetepan ing wongiku sembahyang
Kodo
mubadaroh mongko yaiku kawilang
Kaya
oranana wong nyalataken tinutur
Dalem
barangkang dhohir ngulama mashur
Maka
merkaraaken ngulama ing fardu jujur
Atas
wong wadon sembahyang milahur
Atas
mayit lan gugur kacukupan
Kelawan
penggawene wong wadonan
Sebeb
sepi wong lanang kang kabeneran
Kaya
wicarane ngarep kapartelanan
Haram
nyalataken atas mayit kafir lah
Ikulah
dalil kalam ngulama memarah
Lan
haram nyembahyangaken nejo linakonan
Atas
mayit kafir kerono kinaweruhan
Haram
nyuwun ing Allah pangapuran
Kaduwe
wong kafir mati tan nana iman
Ikulah
arep ngaweruhi hake wong ngawam
Ingdalem
hokum syarak agama islam
Nyata
nyataaken mayit kafir iku haram
Ikilah
dalil qur’an arep paham
Lan
aja nyembahyangaken sira linakonan
Atas
wong sawiji salah kinaweruhan
Satengah
saking wongiku sekabehan
Mat
selawas lawase tan kinawaruhan
Ikulah
wong kafir mati upamane
Lan
aja jenengaken sira tinamune
Ziyarah
atas kubure satuhune
Wongiku
kabeh kafir sekabehane
Tan
ngistoaken ing Allah lan utusan
Lan
nuli pada mati kabeh tan kataubatan
Ing
hale wongiku kabeh kepasikan
Duraka
kufur kabeh tan kataubatan
Ikulah
haram orasah dihajat
Sembahyang
atas mayit kafir laknat
Kekel
urip ning neroko banget medlarat
Tan
tinemu matine nyawane kapecatan
Nyata
haram nyuwun ing Allah pengapurane
Kaduwe
wong kafir lir ngarep partelane
Ngalindunga
ing Allah saking fitnah dunyane
Ikilah
dalil qur’an dipaham retine
Oranana
kaduwe nabi lan sekabehan
Wong
mukmin kabeh wus kinaweruhan
Yen
pada nyuwuna ngapura ing pangeran
Mukmin
kabeh kaduwe masyhur sekabehan
Kang
pada kufur kabeh oranana taubat
Lan
senadiyan anaha kabeh kahimat
Kaduwe
mukmin sanak parek amrih manfangat
Pon
haram nyuwunaken dihajat
Ing
Allah pangapura saking gede kadosan
Saking
sawuse barangkang nyata kekufuran
Kaduwe
wongiku kabeh kinaweruhan
Satuhune
wongiku kabeh kacilakan
Anduweni
neraka jahim banget medlarat
Kekel
urip nyawane tan kapecat
Ikulah
mukalaf arep tinemu taubat
Kang
pada syahadat solat kurang syarat
Ikulah
wong kafir cilakane cilaka
Syahadat
ngibadat karena dunya belaka
Tan
ngistoaken jazem ing Allah panngandikan
Cinawisan
kekel urip ning neraka
Terima kasih kepada guru
kami,
Syaikhina H. Ahmad Rifa’i
Ibni Muhammad
Semoga Allah Swt. selalu
memberikan tempat yang terbaik untuk beliau.
Editor by : Aamiin_Computer
Banyak kesalahan dan
kekhilafan semoga Allah Swt. memberikan
pengampunan kepada kami, saran dan kritik anda sangat kami harapkan sampaikan
ke Crew Aamin_Computer atau
Via SMS : 0821 3871 4321
Facebook : Somario Al Amin