TAHYIROH
Bismillahirrohmanirrohim…
ASYHADU
ALLAA ILAHA ILLALLOOH, WA ASYHADU ANNA MUHAMMAD ARROSULULLOOH….
Angawaruhi
atiningsun ing satuhune ora ono pangeran kang sinembah sabenere ing dalem
wujude anging Alloh. Lan angawaruhi atiningsun ing satuhune nabi kito Muhammad iku utusane Alloh, kang tinurunan kitab Qur’an
kang dadi panutan agama islam utawi rukune islam iku sawiji beloko yoiku
angucap Syahadad roro kang wes kasebut.
Utawi
rukune iman iku nem perkoro kang dihin angimanaken ing Alloh. Kapindo
angimanaken ing sekehe Malaikate Alloh, kaping telu angimanaken ing sekehe
Kitabe Alloh, kaping pat angimanaken ing sekehe Utusane Alloh, kaping limo
angimanaken ing dino akhir kiamat, kaping nem angimanaken ing pasten becik lan
olo sakeng Alloh Ta’ala.
Utawi artine iman iku ngastoaken
jazem lan asih ingsun ing barang kang didatengaken dene rosululloh, utawi
syarat sahe iman iku arep asih ing sakabehe syare’ate nabi Muhammad .
Utawi
batale iman lan syahadad iku rong perkoro, kang dihin mamang atine ing salah
sawijine kang didatengaken dene Rosululloh, kapindo sengit atine ing salah
sawijine agamane Nabi Muhammad .
Utawi
faedahe syah iman iku dadi pitukune sawargo slamet ara kekel urip ing dalem
neroko.
Utawi
faedahe wong kang syah ngibadah netepi wajib tinggal maksiatn iku telung
parkoro kang dihin dadi sentoso imanewong iku, kapindo slamet ora disikso ing
dalem akhirat, kaping telu luweh luhur drajate wongiku ing ndalem suwargo.
Utawi
wong kang wus syah imane lan ngibadate dawam iku pesthi urip ing ndalem suwargo
sabab wus ono janjine Alloh ning syari’ate nabi Muhammad, tinemu syah imane
wong klang ora ngibadat, ora syah wong agawe ngibadah kang ora nono imane wong
iku ing ndalem atine, ikulah kafir, munafiq, kekel, urip ingf ndalem neroko
lamun tan tobat.
Utawi
syarat syahe wong kang ginawe guru iku riningkes rong parkoro kang dihin ngalim
weruh ing pangerane syare’ate nabi Muhammad, kapindo ngadil riwayat ora
ngelakoni setengahe doso gede lan ora ngekelaken setengahe doso cilik aran
ngadil riwayat kumpul papat islam, aqil, baligh, ora pasek ikulah ngalim ngadil
ulil amri kholifah, kulma cilik gentine kanjeng rosululloh, kang wajib di tut
panutan agomo islam barang sopo wonge ora syah gurune wong iku pitakonan sabab
bodo tuwen ngalim paseq tan taubat mongko gurune wong iku sasar brayan.
Utawi
rukune tobat saking kufur iku telung parkoro kang dihin mecat sakabehe warnane
pengawe kufur dlohir batin wus syah imane, kapindo nelongso kaping telu ora
nejo baleni mareng setengahe warnane pengaawe kufur.
Syarat
syahe tobat saking kufur iku sak durunge waktu ghor-ghor lan sak durunge metu
srengenge saking maghrib kanfg dadi tondo awite qiamat kubro.
Utawi
rukune tobat saking maksiat zino utawo nginum sajeng iku telung parkoro kang
dihin mecat maksiat, kapindo nelongso, kaping telu ora nejo mbaleni maring
maksiat kang wus di tobati. Lamon maksiat iku tinggal wajibe sembahyang
atowo tinggal puwoso wulan romadhon atowo tinggal aweh zakat
mongko wuwuh rukun ing sakparkoro yoiku qodlo sembahyang lan qodlo puwoso lan
qodlo aweh zakat mengkono ugo ghosab ing artane manungso ikuu wuwuh rukun ing
saparkoro malih arep mangsulaken arto maring kang nduwe. Atowo anjaluk ing
halale lamon ridlo mongko lepas parkarane.
Utawi
khobar iku telung panggonan kandihin Khobar
Sidiq kapindo iku Khobar Ikhtimal kaping telu iku Khobar Kidzib
Utawi
partelane Khobar Sidiq yoiku Khobar Sidiq yoiku khobare poro nabi somowono
Rosululloh lan khobare wong ngadil somowono ngadil sarto ngalim
Utawi
partelane Khobar Ikhtimal, yoiku khobare wong fasiq lan khobare rare lan wong edan iku kabeh tan kaparcayaan.
Utawi
partelane khobar kidzib yoiiku khobare
wong kang awur-awuran somowono gorohe kenyataan Wajib saben mukalaf ngumpulaken
ngilmu telung parkoro ; syare’at, toreqot hakikot
Syarengate
wong ngibadat mepeki syarat sahe tongat netepi wajib tinggal maksiyat Torekote
iku nejo ati maring Alloh karidloan Hakekate iku amandeng ing
kanugerahane Alloh, benere dhohir batin saking Alloh tulungan.
Syarengate
wong nenandor lan wong dedegangan iku arep anut ing syara’ panggeran
Toreqote
iku hasile arto nejo ginawe tulung bekti ing Alloh
Hakekate
iku amandeng ing Alloh tulungan, solah tingkah lahir batin saking Alloh
panguasane
Iklam
weruho siro ing satuhune aran Auliya Alloh murtabate iku telung parkoro supoyo hasil siro temen
ing sahe iman mepeki syarat lan nampek saking kafir munafik imane mardud.
Kangdihin
Waliyulloh Ngawam yoiku wong kang sah imane dadiyo fasiq kinasih denen Alloh
sawargo pinaringan lan senadiyan sinikso ingdalem neroko bakdal hisab manjing
sawargo sabab barkate sah iman beloko.
Kapindo
Waliyulloh Khowas yoiku wong ngadil somowono ngadil sarto ngalim luwih luhur
darojate ora ngelakoni doso gedhe lan ora ngekelaken satengahe harom cilik.
Wajibe amar noho sakuwasane linakonan ngedohi saking harome majlisan, naliko tan
kuwoso nyegah saking kang dadi anane munkar milih lungguh halal panggonan, ugo
kuwoso nyegah saking kang dadi harome majlisan, nduwe piyagem ing panggerane
ngiilmu syaringat. Iku teko akhirat manjing sawargo slamet ora sinikso kang wus
ono janjine Alloh ning syaringat.
Kaping telu Waliyulloh Khowasul
Khowas, luwih luhur darojate Alloh yoiku sifate wong ngadel sarto ngalim. langgeng makrifate ing Alloh netepi wajib
ngedohi maksiyat dhohir batin karono Alloh, tan kasengsem ing ladzate dunyo,
lan nuduhaken ing wong kabodohan, dedalan sabenere maring Alloh, nindaaken ing
amar makruf wanahya mungkar sakuwasane wong ngawam diajar ngilmu syara munfaat
akherat ginawe masyhur langgeng syukure dhohir batin mareng Alloh tan duwe
tingal ing liyane Alloh, anging Alloh siji sabener pangeran, amandeng ing
tongate sakeng Alloh kanugerahan, barang opo penggawene dewe lan penggawene
liyane atas Alloh tingale dalem atine, ikulah sifate waliyulloh khowasul
khowas, ikilah Quran nutur ing sifate wong auliya.
“Alaa inna auliyaa
Allohu la khoufun ‘alaihim walahum yahzanuun. Alladziina aamanuu yattaquun. “
Anoto
ora weruh ing satuhune waliyulloh iku ora wedi khuwatir, sebeb sentosa imane
ingdalem atine, ingatase waliyulloh iku kabeh, lan ora nana waliyulloh iku
kabeh perihaten, ingdalem akhirat pinaringan sawargo, selamet ora sinikso.
Utawi sekehe waliyulloh iku kabeh sah imane jazem pangistune atine ing Alloh
lan ing Rosululloh, mepeki ingkang dadi syarat, sahe iman lan thongat lan ono
waliyulloh iku kabeh podo wedi lan asih wali iku kabeh ing Alloh, dzohir batin
ngenggoni ridlane Alloh pangeran. Barang opo ing sawiji-wijii tingale ing Alloh
penggawene.
Utawi
wongkang kinasih dene Alloh, iku sebeb luwihe wedi wongiku ing Alloh. Ikilah
dalil Qur’an kalamullohi ta’ala. “Inna akromakum
‘Indallohi atqookum”. Satuhune luwih mulyo niro kabeh, kang kinasih
mungguh Alloh iku luwih wedi niro kabeh ing Alloh, netepi wajib tinggal
maksiyat, ngenggoni ngadil dadi waliyulloh khuwas, koyo wicarane ngarep wus
kapartelanan, ikilah janjine Alloh ingdalem Qur’an “Wa’adallohul
mu’minina wal mu’minaati jannat” Wus
janji Alloh ing sekehe wong
mukmin lanang lan sekehe wong mukmin wadon, ing sawargo panggonan, langgeng
anom kahuripan, luwih nikmat kaluhuran, ikilah dalil qur’an “saa biquu ilaa maghfirotimmirrobbikum wajannatin ‘ardluha
ka;ardlissama’iwal ardli, u’iddat lilladziina aamanuu billahi warosuulihi,
dzaalika fadlullohi yu’tihi mayyasyyaa’, wallohudzul fadlil ‘adziim.
Podo gegancnga siro kabeh laku marng tobat, nyuwun pangapuro saking dosane,
saking pengeraniro kabeh, sarto agawe tongat, lan maring sawargo dedalane kang
diambah, jembare sawargo koyo jembare antarane langit lan bumi, yoiku lelakon
limang atus tahun lamine iku cinawesaken nggon langgeng anom urip kaduwe sekehe
wong kang sah jazeme iman, angestoaken ing Alloh lan ing utusane Alloh.
Mengkono iku sawargo kanugerahane Alloh kang paring Alloh ngersaaken ing wong
iku pinaringan sawargo.
Utawi Alloh iku kang anduweni
kanugerahan kang agung, “Qoolalloohu ta’ala wama
hadzihil hayatuddun yailla lahwuwwala ngibun wainnaddarol aakhirota lahiyal
hayawanu, lau kaanu ya’lamuun” Ngandiko Alloh ingdalem Qur’an, lan ora
nono ikilah kahuripan dunya, anging lahan lan ameng-amengan tinemu dunya,
munfangat ingdalem akhirat, nulungi ing ngibadat, lan satuhune negoro gedhe
akhirat sawargo yekti yoiku sak temen-temene urip lenggeng nikmat kamulyan. Lamon ono wongiku kabeh
weruho, jazem pangistune ing Alloh ing Qur’an pejanjian, mongko tentu ngupoyo
ing sawargo, langgeng anom kahuripan,
ngesahaken ing iman, mepeki rukun lan
syarat. Netepi wajib ngedohi maksiyat, dzohire anot ing syarengate Nabi
Muhammad Saw, pitwane ngalim ngadil di i’timad, ati kagiungan ing Alloh gunge
kanugerahan lan rohmat, sekodar sakuwasane ma’rifate ing Alloh ln kasyukurane,
ikilah Qur’an nutur kinasih dene Alloh ta’ala, “ Allohu
waliyyulladziina aamanuu yukhrijuhumminadzulumati ilannuur” Utawi Alloh
iku kang asih tulung kabecikan, ing
sekehe wong mukmin kabeh, jazem pangestune ing kitab Qur’an, metoaken Alloh ing
mukmin kabeh, sah imane mepeki syarat, saking pepeteng sasar maring padang,
waspada makrifate ing Alloh tan mamang, ikulah mukmin kawilang waliyulloh,
netepi wajib tinggal maksiyat, koyo ngarep wus kapartelanan, “afaman syarohalloohu sodroohu lil islaami fahuwa ‘ala nuu
rimmirrobbih” Anoto ora weruh mongko sopo wonge ambukaaken Alloh ing
atine wongiku padang, kerono islam masraheken dzohir batin ing Alloh, anut ing
Nabi Muhammad Saw utusan, i’timad ing ngalim ngadiil pituturan, mongko yo
wongiku oleh pituduh atas nemu padange iman saking Pangerane, ikulah kawilang
waliyulloh, kinasih dene Alloh tangala. Lamon siro arep akeh pangawaruhe ing
parteane ngilmu syaringat telung parkoro, kang wajib saben mukalaf ngupoyo,
sarto dingamal sakuwasane, yoiku ngilmu usul, fiqih, tasawuf, mongko ningalono
ing tarojumahku kita husnul matolib, rolas koras wilangane, tuwin kitab nadzom
jama’il masa’il songolas koras, tuwin kitab asnal maqosid nadzm tarojumah tlung
puluh koras, luwih akeh wicarane ngilmu syaringat lan luwih jembar maleh akhe
dalil qur’an, hadits, ijma’ kasurat.
Lamon
siro ningalono ingdalem kitab kito, nadzom abyanal hawaij, wolong puloh roro
wilangan korasan, Insya Allohuta’ala nemu akeh partelane ngilmu telung parkoro,
usul, fiqih, tasawuf, kelawan tulung Alloh barkat Nabi kito Muhammad Rosululloh
SAW panutan agomo islam, barang sopo wonge nyalahaken ing ikilah ngilmu
syaringat tarojumah, mongko wajib aweho maring kito partelane, ojo kandek harom
ghoibah gedhe dosane, ugo iku kelakuhane wong munafik kufur, ora nduwe hujjah
sabenere ngilmu syaringat, suko harom ngerasani olo ing burine ngalim ngadil,
nindaaken agamen Alloh, lan Rosulullloh, kholifah kulmakcilik kagentine kanjeng
rosululloh, datengaken syaringat merdi ing wong ngawam, ingdalem sahe iman lan
tongat, kang dadi pepek syarat sah kawulangan. “Wallohu
a’lam” Utawi Alloh iku kang ngudeneni ing kawulane, olo becike tan
kasamaran, wabillahi taufiq, lan kelawan Alloh
kang tetulung ing dzohir lan ing bathin, ingdalem sahe iman lan ngibadat, lan
ora nono kang paring pituduh dedalan bener kabekjan, anging Alloh pangeran kang
sifat kamalat, tamat ikulah ktab Takhyiroh Mukhtasor arene, ingdalem dino
Jum’ah sonngolas dino jerone wulan muharom, tahun wawu hijrotun nabi
Shollallohu ngalaihi wasalam Sewu Rongatus Sawidak Limo Tahun. Washollallohu
‘ala Muhammad, Walhamdulillah robbil ngalamiin.
Karya Syaikhina
Achmad Rifa’I
Semoga bermanfaat,
banyak kekurangan, dan kesalahan mohon dikoreksi.
Kritik dan saran
tentang kami : 0821 3781 4321 / 087 719 122 123